DETAIL PRODUK
Waskitha Basa Lan sastra Jawa
SMA/MA Kelas XI
Buku Waskitha Basa lan Sastra Jawa dipuntrepaken kaliyan Capaian Pembelajaran (CP) Muatan Lokal Bahasa Jawa pada Kurikulum Merdeka, adhedhasar Surat Keputusan Kepala Dinas Pendidikan dan Kebudayaan Provinsi Jawa Tengah Nomor 423.5/04678 wonten Lampiran II.
Buku menika mligi dipunginakaken minangka sarana sumber lan bahan piwulangan siswa wonten tataran (fase) E. Buku menika kaajab saged mbiyantu para guru anggenipun nggegulang salebeting pasinaon dhateng siswa. Buku menika ugi dipunrantam kangge nyengkuyung program proyek penguatan profil pelajar Pancasila satemah saged paring kalodhangan sinau ingkang langkung wiyar tebanipun.
Buku menika sae amargi katitik saking:
· Tebanipun bahan piwulangan dipunracik kanthi munjeraken siswa minangka jejering pasinaon modhel diferensiasi.
· Buku kaserat lelandhesan 4 elemen dhasar inggih menika nyemak, maca, micara, lan nulis.
· Wontenipun maneka kagiyatan pasinaon ngginakaken asesmen diagnostik ing pancadan pasinaon.
· Saben bab dipunjangkepi QR code ingkang arupi audio lan CBT kangge nggampilaken pasinaon.
· Saben bab dipunandharaken mawi tema tartamtu ingkang trep wontenipun ringkesan materi kangge mbangun nalar langkung lantiping sasmita.
· Buku dipunjangkepi kagiyatan kangge nggladhi kaprigelaning siswa.
· Asesmen sumatif menika wujud gladhen pitakenan pungkasaning bab sarta pitakenan pungkasaning semester kanthi modhel HOTS lan AKM.
Kanthi rantaman buku ingkang jangkep mekaten, kaajab siswa nggadhahi pangertosan, nalar, lan sasmita ingkang dados nggiyataken saha njejegaken minangka siswa ingkang netepi jiwa Pancasila lumantar pasinaon basa lan sastra Jawa.
This service is only available in Indonesia